Wednesday, June 19, 2013

Contoh Pranatacara Perpisahan

Pranatacara Perpisahan SMA N 1 Wates

Assalamu ‘alaikum Wr. Wb.
Mugiya kawilujengan lan kasarasan saking ngarsa dalem Gusti Alloh tansah rumentah kajiwa kasalira dhumateng kula lan panjenengan sami. Aamiin.
Ibu Kepala Sekolah ingkang dhahat kinormatan,
Bapak, Ibu Guru saha karyawan-karyawati SMA N 1 Wates ingkang pantes kacaosan  raos ing pakurmatan.
Rencang-rencang kelas 12 ingkang kula tresnani.
Nuwun sewu keparenga, kula wonten ing mriki supados ndherekaken lampahipun titilaksana Perpisahan Kelas 12 SMA N 1 Wates ingkang mapan wonten aula SMA N 1 Wates
Namung saderengipun kula nglajengaken atur kula sumangga kula lan panjenengan sami ngaturaken puji syukur dhateng ngarsa dalem Gusti Alloh ingkang sampun paring mapinten-pinten kanikmatan saha hidayah, ing satemah kula panjenengan sami saged makempal wonten mriki kanthi kebak ing kawilujengan.
            Ing salajengipun keparenga kula ngaturaken menggah rantamaning titilaksana ingkang badhe kalampah.
Ingkang sepisan  Pambuka
Angka kalih talanging atur saking kelas 10, 11
Kaping tiga talanging atur saking kelas 12
Kaping sekawan pambagya saking ibu kepala sekolah
Kaping gangsal pentas seni
Ingkang pungkasan Panutup
Sumangga kita lumebet titilaksana ingkang sepisan inggih menika Pambuka, sumangga kanthi wosan basmalah kula dherekaken “ Bismillahirrohmanirrohimi 
            Kalajengaken titilaksana angka kalih inggih menika :
talanging atur saking kelas 10, 11, dhateng panjenenganipun ......................kasumanggakaken.
Mekaten titilaksana angka kalih sampun paripurna, ngaturaken gunging panuwun dhateng .......................
Lumebet Titilaksana ingkang angka tiga  inggih menika: talanging atur saking kelas 12
dhateng penjenenganipun ...................kasumanggakaken.
Mekaten titilaksana angka tiga sampun paripurna, ngaturaken gunging panuwun dhateng .......................
Titilaksana kaping sekawan pambagya saking ibu kepala sekolah, dhumateng panjenenganipun ibu ................................kasumanggakaken.
Mekaten menggah wedharing atur saking panjenenganipun ..............................., ingkang menika ngaturaken gunging panuwun.
Sumangga dipunlajengaken titilaksana kaping gangsal inggih punika pentas seni.
            Sagung para lenggah, menapa dene wasana sampun lumampah kanthi rancak, sumangga kantun titilaksana pungkasan inggih menika Panutup.
Mangga pepanggihan menika lajeng dipun tutup kanthi waosan hamdalah kula dherekaken “ Alhamdulillahirrobbil ‘alamin”
            Semanten lan mekaten anggen kula ndherekaken runtuting titilaksana menika , kathah lepat nyuwun pangapunten.
Wassalamu’alaikum Wr.Wb.







8 comments:

  1. trima kasih atas contohnya,sangat membantu sekali

    ReplyDelete
  2. punya contoh panyandra wisuda ga min?

    ReplyDelete
  3. Cara membaca nya yang benar gimana min? Yang huruf a dibaca yang o mana aja?

    ReplyDelete
  4. makasih ya contohnya, aku juga anak sma n 1 wates๐Ÿ˜ญ๐Ÿ˜ญ๐Ÿ™๐Ÿ™๐Ÿ‘๐Ÿ‘

    ReplyDelete