1. SEPISAN LAN PUNGKASAN
Wektu kuwi aku lagi
muggah kelas 5. Nalika mlebu kelas, ana murid anyaran lanang sing teka
saka papan adoh. Nanging murid anyar kuwi ora biyasa. Dheweke duwe
cacat awak. Sikile sengkleh siji sing tengen, awake gering, lan rambute
rada arang, nyaris gundul. Pokoke mesakake banget perawakane.
Ing dina sepisan muggah
kelas kuwi, Bu Guru ndawuhi saben murid kanggo ngenalkake awake dhewe-dhewe ing
ngarep kelas .. saiki gilirane cah anyaran lanang mau ngenalkake awake. Dheweke
digeguyu kanca-kanca liyane, kelas dadi rame, bocah-bocah padha cekakakan. Bu
Puji, wali kelasku ndawuhi murid-murid meneng. Nanging yo dasare bocah
tetep ora bisa meneng, bocah-bocah ngempet ngguyu nganti rupane abang. Maksude
kareben ora diseneni Bu Guru.
Mlakune cah anyaran mau
nagnti keseret-seret. Wektu dheweke ngadek sikile gemeter. Ing ngarep
kelas, banjur dheweke ngenalke awake.
"Je. . jeneng. . jenengku. . Ad. . Adri
"jarene gagap. "A. . aku. . sa. . saka. . ess. . SLB
Harapan 1. "
Kanca-kanca sing awit
mau ngempet ngguyu, dadi ribut. Sanajan mengkono anggone Adri ngomong
tetep diteruske. Ana rasa mesakake sumelip ing atiku.
Adri harus mangkat
paling gasik ning sekolah. Sesuk esuk, pas Adri lagi mlaku karo nggawa
buku saktumpuk, sikile disandung karo kancaku sing gaweane ngenyek Adri. Dheweke
tiba, bukune morak-marik ning ubin. Atiku trataban weruh kedadean kuwi. Ora
ana sij-sijia kancaku sing arep nulungi Adri. Bahkan padha nggeguyu, ana
sing mung ndeloki kanthi rasa jijik. Aku langsung ngadek, aku arep nulungi
Adri karo mberesi buku-bukune Adri sing morak-marik mau. Adri banjur
ngucapkake maturnuwun karo aku, tangane isih ngebut-ngebutke klambine sing
reged.
Ing sekolah, Adri ora
nduwe kanca. Kanca-kanca sing lanang bahkan pada ngenyeki awake Adri. Ana
sing ngenyek nganggo omongan lan ana sing ngenyek karo niru-niru solah bawane
Adri. Nalika kanca-kanca sing wedhok ora gelem cedhak-cedhak karo Adri. Amarga
perawakane Adri sing cacat mau. Wiwit prastawa pas aku nulungi Adri,
dheweke dadi seneng nyedhaki aku. Adri wis nganggep aku dadi kancane. Aku
yo narima wae, kanggo aku kabeh kuwi kancaku. Aku ora mbeda-bedakake
kanca. Nanging aku ora cedhak-cedhak banget karo Adri, mung kanca biyasa. Soale
aku nduwe kanca kenthel dhewe. Aku ora ngerti nek Adri nganggep aku dudu
kanca biyasa. Nganti ing sawijining dina, pas aku lan kanca-kanca
kenthelku lagi padha ngumpul, Adri teka banjur srawung marang aku lan
kanca-kanca. Pas aku lan kanca-kanca jajan, yo ditutke karo Adri. Pokoke
ning endi-endi aku lan kanca-kancaku ditutke. Wis ngrasa rak kepenak, aku
ngusir Adri nanging carane alus. Adri malah saya nyedhaki aku, aku sing
lagi sensitif dadi mbentak Adri. Karo kaget, Adri mlayu
mboh ning endi.
Udakara patang wulan
sakbanjure kuwi, Adri wis seminggu ora mlebu sekolah. Aku dadi goreh. Pikiranku
ngentha-entha ngapa Adri ora mlebu sekolah nganti seminggu lan ora ana kabar
ngenani Adri.
Bali sekolah, aku
sakanca sekelas nggoleki omahe adri kanggo mastikake kabare Adri. Aku lan
kanca-kanca njaluk alamat omahe Adri marang Bu Guru.
Aku lan kanca-kanca
mlaku muter-muter nggoleki alamat omahe Adri. Nganti tekan ing perumahan
gedhe. Omah-omahe megah kaya gedung. Banjur dhewe tekan ing ngarep
omah sing ora kalah gedhene karo tanggane. Aku ndodog lawang omahe sing
gedhe dhuwur saka kayu jati. Ora let suwe, saka njero, ibuke Adri mbukake
lawang. Ibune nduwe tingkat sing ayu, nanging mripatne kethok bengkak kaya
bar nangis. Ibune Adri manggakake dhewe mlebu. Aku sakanca-kanca isih
mlengo ndhelok omahe Adri sing megahe kaya gedung.
Ibune Adri wis ngerti
tekane dhewe arep nakoni Adri. Karo ngomong mripate mbrambang. Ibune
crita nalika wiwit cilik Adri duwe penyakit sing serius. Wis pirang-pirang
kali Adri nglakoni terapi, karo ngombe obat-obatan saka dokter utawa
obat-obatan tradisional kayata jamu. Ibune Adri nalika crita mandheg
sedela, mripate nerawang ing langit-langit omah.
"Wiwit cilik, Adri
ora nduwe kanca. Biyasane wong-wong padha ora gelem cedhak-cedhak Adri
amarga perawakane sing cacat. Sanajan mengkno, Adri ora tau isin utawa
ngeluh karo keadaane. Dheweke pengen banget mlebu sekolah umum kanggo
nggolek kanca. Sadurunge Adri sekolah ning SLB. Adri wis ditinggal
Bapake wiwit umur 6 taun, gara-gara bapak nduwe penyakit sing padha karo
Adri."Critane Ibune Adri, Bu Neli.
"Lha Bu, saiki Adri
ting pundi? "Pitakonku nyela critane Bu Neli. Aku wis ora sabar,
atiku wis dagdigdug ora karuan. Pikiranku wis ning endi-endi.
Bu Neli malah nunduk,
"Adri wis nyusul Bapake." Wangsulane Bu Neli. Kanthi rasa ora
percaya, aku lan kanca-kanca liyane nangis ing kono. Aku wis ora bisa
ngmong apa-apa. Dadi Adri wis meninggal? Ngopo cepet banget? Aku
durung sempet njaluk ngapura marang Adri.
Teka-teka Bu Neli takon,
"Iki ndak Dek Olin?" Aku manthuk alon. Banjur Bu Neli maringi
lipetan kertas saka kantonge. Aku ndredeg.
"Sadurunge lunga,
ADR pesen karo Ibu kareben surat iki diaturake Olin. Adri pengen ngucapake
maturnuwun amarga Dek Olin gelem dadi kancane Adri. Dek Olin pancen kanca sepisan lan pungkasane Adri.
"
Aku mbuka lipetan kertas
mau. Atiku trenyuh, aku nangis sesenggrukan maneh ing kono. Nyatane
Adri isih nganggep aku kancane, malah sahabate.
"Dri, aku njaluk
ngapura yo .. . "
Dening:
Geraldine Mariauli
Banurea
Jln. Kauman Selatan
no.7 Ungaran, 50511
Referensi:http://kafeilmu.com/2011/02/contoh-cerpen-bahasa-jawa-sepisan-lan-pungkasan.html#ixzz2NdTmPXHu
2. Adhuh, Kapok!
* Selasa
Rena wis ngantuk banget. Mripate merem melek wae. Adhuh, Pak Broto kok gak wis-uwis sih. Pengin turu, ngko diamuk. Iki rak guru galak banget. Apa maneh kaya brengose Pak Raden. Si Ferdi wae, sing nakal nomer siji
ing kelas isa lungguh manis, gak Blingsatan kaya biyasane. Gak ngerti apa sing diingeti. Sing mesthi ora merga rumus-rumus
kimia ing papan tulis. Suwe-suwe
Matane Rena saya abot, gak bisa dibukak. Karepe
nutup. Turu dhisik ah, mumpung
pak Broto lagi nulis. Oh, enake.
"Rena. ' undange Keke, kanca sabangkune. Uh, sapa sing nganggu?
"Rena, tangi. Diingeti Pak Broto ki. "
"Ren." Keke ngudang meneh
karo njiwit tangane Rena.
"Adauu, lara. Ana apa sih? "Ning Keke ora
njawab, mung nglirik sisih kiwane Rena. Ups,
Pak Broto.
"Piye turune Irena, enak?"
"Enak, Pak." Jawabe Rena
ndhingkluk.
"Wis. Merga kowe ora ngawaske, dakkira yen
wis ngerti. Mulane, maju wae
nggarap soal ing papan tulis, terus terangke mring kancamu. "
"Aku, Pak?"
"Iya. Kowe. "
Mati aku. Gemeteran Rena maju, njupuk kapur,
terus maca soal ing papan tulis. Wadhuh,
angel banget. Priye njawabe?
Semenit, rong menit, akhire limang
menit. Rena isih ngadeg karo
kukur-kukur sirahe.
"Priye Rena?"
"Ngapuntene Pak. Mboten saged. "
"Ora bisa?"
"Inggih, Pak."
"Adhuh mampus aku" batine
Rena.
"Ukumane, garap latihan kaca 56
nomer 1 nganti 30, ping lima, dikumpulke sesuk jam 7 esuk. Cukup semene, selamat pagi. "
"Ah, Pak Broto tega banget."
"Ye, salahmu dhewe. Wis ngerti sing ngajar Mister Broto
guru paling killer, malah wani turu. "
"Mosok ukumane akehe ngono. Satus seket soal. Bayangke. Sak soal jawabane sethithike limang
lembar. Pegel banget. "
"Pancen kowe mau bengi ngapa sih? Rondha? "
"Gak. Iki gara-garane misananku, Putri sing
nginep. "
"Ha .... ha .... ha. Kasihan banget? "
Tet .... tet .... tet.
"Eh, ngasone kok wis entek
padhahal aku durung ning kantin. Adhuh
luwe banget iki, gak sempet sarapan. "
"Ah, tau ah ..."
Jam 11 bengi. Rena isih nggarap tugas. Urut setengah, mangka wis wiwit mulih
sekolah mau. Iki carane piye sih. Kok gak ketemu jawabane, batine Rena
bingung.
Tet to tet tot. Ana SMS mlebu.
Selamet lembur ya Non. Sender: Keke jelek
Ih, usil banget bocah iki. Ora ngrewangi. Ah terus wae. Ngko gak rampung disemprot maneh karo
Pak Broto.
* Rebo
"Ren, wis ngumpulke tugas?"
"Wis. Ning sawengi gak turu. Wadhuh ngantuk banget. "
"Tenang wae, gurune rak nyantai. Arep turu gak masalah. Sing penting gak ribut. "
"Ya. Terserah bener apa salah. Sing penting nggawe. Eh, Dion bocah kelas loro kok ngguyu
pas ketemu aku mau? "
"Gak usah gumun. Kabar kowe keturon lan kena Ukuman wis
nyebar sa-sekolahan. "
"Hah? Apa iya? Adhuh ngisin-isini. "
"Wis santai aja. Pisan-pisan dadi selebritis. "
Bu Endah nerangake system pernafasan
manusia. Nanging Rena ngantuk
banget.
"Rena, kowe ngapa. Ngantuk? "
'Iya, Bu. Bubar Rondha. "Jawabe Putra.
"Wis. Ben ora ngantuk, tulung tuliske
ringkesan iki ing papan. Ibu arep
ning kantor sedhela. "
"Yah, nasibmu lagi elek Ren. Ditrima wae. Muga-muga iki sing keri. "Omonge
Keke Wektu mulih.
"Amin. Muga-muga wae. "
* Kemis
"Selamat pagi, anak-anak."
"Pagi, Pak."
"Keluarkan kertas. Kita kuis. "
"Pak, durung sinau." Ujare
Putra.
"Adhuh piye iki. Aku rak gak ngerti kimia.
"Grenenge Rena ing ati.
"Oke soale ana ing papan tulis. Garap dhewe wektune 60 menit. "
Lho, soale kok persis sing dakgarap
wingi. Mung angkane sing diowahi. Asyik, gampang nih.
Patang puluh menit, Randi maju merga
wis rampung. Gak heran wong juara
kelas.
"Hem, bagus. Bener kabeh. Wis oleh metu. Sapa meneh sing wis rampung? "
Maju gak ya? Ah cuek ae ah. Maju.
"Rena, kowe wis rampung?"
"Inggih, Pak."
"Sik. Hemm. "Pak Broto ngoreksi
jawabanku.
Waduh tegang banget.
"Apik Irena." Kandhane Pak
Broto gawe kaget. "Tugas
wingi ana gunane ya. Sepuluh.
"
"Hah, bener, Pak?"
"Iya. Kowe oleh metu. "
Adhuh biasane entuk do re mi saiki
dadi sepuluh. Mami, ngimpi apa
aku suwengi. Rena seneng banget.
"Ren." Keke ngudang.
"Eh, mrene. Kowe curang. Gak bagi-bagi jawaban. "
"Aku gak ngerti jawabanku bener
apa ora. Paling mung entuk enem,
eh malah sepuluh. "
"Ning untung banget, soale padha
karo tugasmu wingi."
"Ya. Wingi aku sial terus, saiki wektune
untung to. Istilahe habis Gelap
Terbitlah Terang.
"Yen ngono sesuk aku turu ah pas
pelajarane Pak Broto. Ben entuk
tugas, terus kuis bisa nggarap. "
Rena langsung ngethak sirahe Keke.
(Dijarwakake
dening Rusdi Ngarpan Suryapati saka Aduh, Kapok, Majalah Kawanku 11/2008)
3. Roman Remaja
7 Januari Wektu
kang tak antu-antu. Aku arep study tour menyang pulau
'seribu dewa', Bali. Acara iki wis tak entenipirang-pirang sasi kepungkur
karo kancaku, Euo, Ririn, Mimi, lan Olive. Packing barang wis dak siyapke
sewengi. Dina Kemis iki, jam 06.00 murid-murid wis pada ngumpul ing
lapangan basket sekolahku, SMA YON SEMARANG. Murid-murid saka jurusan IPA
lan IPS melu kabeh. Sadurunge budhal, luwih dhisik diadani doa bersama
kang dipimpin dening guru agamaku. Sak bubare doa bersama murid-murid
padha munggah ing bise dhewe-dhewe sesuai karo kelase. Ing njero bis bisa
dipestekake wajah-wajahe kancaku padha sumringah, antusias banget. Kapara
Mimi, katon paling semangat. Aku lungguh karo Olive. Dene Mimi
lungguh karo Ririn. Euo lungguh karo Vivi.Saksuwene perjalanan kanca-kanca
pada crita-crita apa wae kang arep ditindakake yen wis tekan kana.Nanging lagi
entuk seprapat perjalanan, tekan daerah Jawa Timur kahanan bis wis sepi, ora
ana sing cemuwit blas. Mung krungu swaraning gerenge mesin. Tibake
sakwise tak inguk, kanca-kanca wis padha tewas. Saking kesele crita-crita
uga krasa luwe ayake, mulai banjur kanggo turu wae. Tekan rumah makan Lamongan,
pada ditangekake lan siap-siap makan siang diterusake shalat dzuhur bareng.
Bubar
weteng wis keisi, perjalanan diterusake. Saiki swasana bis bali regeng
maneh. Sakwise weteng wareg, padha nyanyi karaokenan. Saiki sing
disetel lagune Kerispatih, sing kabare saiki vokalise lagi 'pindhah
penginepan'. Bali menyang topik awal, perjalananku iki isih sewengi maneh.
Tengah
wengi sekitar jam 12 an wis tekan pelabuhan Ketapang, wektune penyebrangan. Nanging
kancaku, Mimi, jebule mabuk laut. Mutah-mutah ora bisa diendhani. Yahhh,
durung sida seneng-seneng malah wis teler dhisik. Hahha .. Kurang
luwih 30 menit Wektu penyebrangan. Saiki wis tekan pulo Bali, kurang luwih
jam 4.30 WIT.
Objek
pertama kang arep dikunjungi yaiku Tanah Lot. Tekan ngenggon, langsung
padha adus ing KM umum lan nindakake shalat subuh. Bubar iku, ora check in
dhisik ing hotel amarga isih ana rombongan saka SMA liya kang durung kategori. Dadi,
aku, Mimi, Euo, Olive lan Ririn langsung nuju menyang pesisire. Bubar kuwi
langsung sarapan.
Cabut
saka Tanah Lot, nuju menyang GWK, Dreamland, Tanjung Benoa, Kuta, Joger lan
Krishna. Marem blanja lan jalan-jalan trus nuju nyang Hotel Made. Aku
sakamar karo Olive, Ririn lan Mimi. Dene Euo sakamar karo kancaku liyane.
Esuke,
langsung menyang Barong Theatre, Kintamani lan blanja-blanja maneh uga
jalan-jalan.
Akeh
pengalaman lan pelajaran kang kita jupuk saka budaya bangsa kita iki. Saka
awal nganti akhir perjalanan ing objek wisata iki. Apmaneh ana tour guide
kita kang setya njelaske kanthi detail objek kang kita tekani, jenenge tour
guide mau yakuwi blih mangde, jangkepe I Wayan Gde Ratmanja.
Ora
rinasa dhetik ganti menit, menit ganti jam, jam ganti dina tandhane Wektu kita
ing kene wis entek. Wektune bali menyang Semarang. Nanging sadurunge
bali menyang kutha kita tercinta, ana pengalaman kang ora bakal kita lalekake. Objek
terakhir yaiku Sangeh lan Bedugul. Ing Sangeh, kesane biasa wae. Mung
wae ning kana aku bisa nonton kembaran kita kang miturut Darwin jare iku cikal
bakale menungsa. Kethek, ya kethek. Hahaha. Ah kuwi rak mbah
buyute Darwin dhewe, dudu mbahbuyutku!
Wektu
nuduhake jam 12 awan, wektune mangan awan. Mangan awan iki ditindakake ing
daerah Bedugul sekalian karo dolanan wahana air kayata jet ski lan prau.
Wektuku
ning Bali wis entek. Perpisahan karo tour guide lan kanca anyar ing kana
rasane abot banget, apa maneh karo blih kang setia dadi tour guide kita
sasuwene ing Bali.
Ora
rinasa ana eluh nelesi pipi. Aku lan kanca-kanca kabeh padha salaman karo
blih. Momen iki dadi momen pepisahan kang nrenyuhake mesisan nyenengake. Nrenyuhake
amarga arep ninggalake pulo Bali, nanging uga nyenengake amarga arep bali
menyang Semarang. Wong tuwa kita mesthi wis padha kangen berat.
Tleser-tleser
lakune bis 5 kang dak tumpangi karo kanca-kancaku wis tekan Gilimanuk. Kita
arep nyebrang menyang Ketapang trus bali menyang Semarang.
Sasuwene
ing bis, ora ana sing suwala. Meneng lan anteng padha ngenam pikirane
dhewe-dhewe. Ora liya ya aku iki, padha dene karo sing liyane. Ora
krasa Wektu seminggu dientekake bareng kanca-kanca ing perjalanan lan Bali.
Liya Wektu lan kesempatan, muga-muga aku lan kancaku
diparingi kesempatan maneh menyang pulo kang nengsemake iku kanggo mulang
momen-momen kang paling endah.
We'll
always miss Bali ... Hear there, ll come back in other chance and other time. Balii
oohh Balii .....
Sumber: Suryapati, R.N. (2008). "Aduh , Kapok". Majalah Kawanku.
Sumber: Suryapati, R.N. (2008). "Aduh , Kapok". Majalah Kawanku.
No comments:
Post a Comment