Assalamu’alaikum
wr. wb.
Ingkang
dhahat kinurmatan bapak ketua panitia adicara Maulid Nabi Muhammad SAW
Bapak/Ibu
Guru ingkang kula kurmati
Para
siswa ingkang kula tresnani
Sakderengipun
sumangga kita aturaken raos puji nsyukur dhumateng ngarsanipun Gusti ingkang
Maha Agung, saengga kita sedaya saged makempal wonten ing adicara pengetan
Maulid Nabi Muhammad SAW.
Kula minangka Kepala Sekolah SMA N 1 Pengasih, ngaturaken sugeng rawuh dhumateng Bapak/Ibu saha para siswa, ingkang sampun
nglonggaraken wekdal ngrawuhi pengetan ing siang menika, mugiya pikantuk
syafa’at saking Kanjeng Nabi, lan Gusti Allah SWT.
Boten langkung kula ugi ngaturaken panuwun dhumateng
pihak-pihak ingkang sampun nyengkuyung lan nyawisaken sadayanipun, murih
regengipun pengetan Maulid Nabi ing dalu punika. Mugi-mugi Gusti Allah
SWT maringi pepulih ganjaran samurwatipun.
Wondene ular-ular hikmah ingkang mujudaken inti saking
pengetan Maulid Nabi ing dalu punika mangke, badhe dipun wedharaken
dening Ibu Nirva saking Dusun Dipan. Panyuwun kula mugiya ular-ular punika saged
mupangati tumrap kita sadaya.
Cekap
semanten tanggap wacana pambuka saking kula, mbok bilih
wonten kirang atur saha
kirang trepsilaning tindhak tandhuk anggen kula matur, nyuwun sih lumbering samodra
pangaksami. Lan salajengipun pengetan Maulid Nabi ing siang
menika sumangga kita bikak kanthi waosan “ Bhasmallah “
Maturnuwun.
Wassalamu’alaikum
wr. wb.
No comments:
Post a Comment