BOTEN WONTEN TIYANG
KANG SAMPURNA
Ing
donya iki boten wonten tiyang ingkang sampurna. Sedaya tiyang ing donya mesti
nduweni kekurangan. Kekurangan ingkang wonten ing dhiri manungsa menika salah
sawijining bentuk kang bisa diartekake cobaan kangge makhluk ciptaan Gusti
Allah. Cobaan menika uga bisa kaesebut bentuk kasih sayang Gusti Allah kangge
kita makhluk ciptaane. Sedaya kekurangan menika boten cacat sakabehane,
tergantung cara kita kangge maknai kekurangan kang wonten ing dhiri manungsa.
Kayata tuladha ingkang sampun diandharake, yaiku para panandang tuna rungu kang
bisa makarya ing babagan seni tari. Para panandang tuna rungu menika boten
nggunakaken kekurangan kang di nduweni kangge alat supados nyuwun rasa welas
asih saking tiyang sanes. Nanging, wonten keterbatasan kang di nduweni, para
penyandang tuna rungu menika saged ngasilaken karya ingkang dereng tentu saged diasilaken
dening tiyang sanes. Saged nglakokaken tarian kang diiringi gendhing sanes bab ingkang gampil, luwih-luwih kagem
panandang tuna rungu. Nanging, menawi
dibarengi kaliyan niat lan semangat, para panandang tuna rungu menika saged
nutupi kekuranganipun.
Keterbatasan
sanes wekasan saking sedayanipun. Para panandang cacat sanes kaum ingkang patut
kita sepelekake lan diadohi. Para panandang cacat sanes tiyang hina kang patut
kita adohi. Ing njawi menika tasih kathah tiyang lumrah kang luwih hina.
Tuladhane para gelandangan lan pengemis kang ngarepake welas asih saking tiyang
sanes. Bab menika nunjukake menawi keterbatasan sanes kekurangan, nanging
keterbatasan menika kaluwihan ingkang boten tentu digadhahi tiyang sanes.
Keterbatasan menika kang damel para kaum
disable menika kasawang sampurna.
No comments:
Post a Comment