Tuesday, May 6, 2014

Contoh Undangan Pernikahan Coreldraw X4

Preview

Bagian depan(1) dan belakang (2) dilihat dari luar (hal 1 dan hal 8)

 

Bagian depan dan belakang jika dilihat dari dalam (hal 2 dan hal 7)


Keterangan : No 1 luar dan dalam dicetak bolak balik. Jadi, 1 luar merupakan sampul depan (hal 1) dan 1
                   dalam merupakan kebalikan halaman sampul (hal 2)
                   No 2 luar merupakan halaman terakhir (hal 8) yang dicetak bolak balik dengan no 2 dalam
                   (hal 7)
         

Isi bagian pertama (no.3 (hal 3) dan no.4 (hal 6))


Isi bagian kedua (no.3 kebalikan no3 bag. pertama (hal 4) dan no.4 kebalikan no4 bagian pertama (hal 5)



Selengkapnya dapat di download disini untuk format zip dan untuk format rar dapat di download disini


Tuladha (Contoh) Serat Ulem

Assalaamu’alaikum wa rahmatullahi wa barakaatuh
Nuwun hawiyosipun serat punika sesulihing badan kawula sowan wonten ing ngarsa panjenengan sekaliyan. Mbok bilih Gusti Allah angganjar wilujeng ing samudayanipun, kita badhe gadhah niat ningkahaken yoga kita ingkang nami
Adinda Diah Pawestri
(putrinipun bapak lan ibu Agus)
pikantuk
Yanuar Aditya Surasa
(putranipun bapak lan ibu Surasa)
Ugi hangajab rawuhipun para sutresna,
hangestreni khajat nikah ingkang bade rinakit wonten ing
Jl. Tentara Pelajar 14 – Ngayogyakarta
Lumadi hing dinten
Ahad Pahing kaleres tanggal 1 Januari 2007
wekdal tabuh kaping 16.00 WIB.
Mbok menawi panjenengan sekaliyan dhangan ing penggalih sarta mboten wonten alangan saktunggal punapa, kita aturi anyekseni lan angrawuhi kajat lan niat kita kasebat ing nginggil punika. Awit saking rawuhipun para sutresna, keparenga kita nelakaken gunging panuwun.
Cekap semanten atur serat ulem punika.
Tuhu langgeng trisno.
Akad nikah rinakit wonten ing dinten lan papan sami, jam 09.00 WIB


Thursday, April 3, 2014

Contoh Artikel Bahasa Jawa

BOTEN WONTEN TIYANG KANG SAMPURNA

          Ing donya iki boten wonten tiyang ingkang sampurna. Sedaya tiyang ing donya mesti nduweni kekurangan. Kekurangan ingkang wonten ing dhiri manungsa menika salah sawijining bentuk kang bisa diartekake cobaan kangge makhluk ciptaan Gusti Allah. Cobaan menika uga bisa kaesebut bentuk kasih sayang Gusti Allah kangge kita makhluk ciptaane. Sedaya kekurangan menika boten cacat sakabehane, tergantung cara kita kangge maknai kekurangan kang wonten ing dhiri manungsa. Kayata tuladha ingkang sampun diandharake, yaiku para panandang tuna rungu kang bisa makarya ing babagan seni tari. Para panandang tuna rungu menika boten nggunakaken kekurangan kang di nduweni kangge alat supados nyuwun rasa welas asih saking tiyang sanes. Nanging, wonten keterbatasan kang di nduweni, para penyandang tuna rungu menika saged ngasilaken karya ingkang dereng tentu saged diasilaken dening tiyang sanes. Saged nglakokaken tarian kang diiringi gendhing sanes bab ingkang gampil, luwih-luwih kagem panandang tuna rungu. Nanging, menawi dibarengi kaliyan niat lan semangat, para panandang tuna rungu menika saged nutupi kekuranganipun.
          Keterbatasan sanes wekasan saking sedayanipun. Para panandang cacat sanes kaum ingkang patut kita sepelekake lan diadohi. Para panandang cacat sanes tiyang hina kang patut kita adohi. Ing njawi menika tasih kathah tiyang lumrah kang luwih hina. Tuladhane para gelandangan lan pengemis kang ngarepake welas asih saking tiyang sanes. Bab menika nunjukake menawi keterbatasan sanes kekurangan, nanging keterbatasan menika kaluwihan ingkang boten tentu digadhahi tiyang sanes. Keterbatasan menika kang damel para kaum disable menika kasawang sampurna.